Pawitane Mung Ati

Dening: Dodik Priyambada

Desa Tirta Wening, mapan ana pinggire kali Kumitir. Lemahe loh, wit-witane ijo royo-royo lan pendhudhuke ora sepiroa akeh nanging sesrawungan ing desa kono lumaku kanthi ayem tentrem. Ana mesjid cilik ning resik tur asri, sinebut mesjid Al Ikhlas utawa wong desa kono akeh kang ngarani mesjid Girli, amarga pancen mesjide mapan ing sapinggire kali Kumitir. Kang mbaureksa mesjid Girli, asmane Mbah Sidik, salah sijining putra wayahe sesepuh kang mbubak desa Tirta Wening, nalika samana.

Rampung shalat Dhuha, mbah Sidik cucul sarung, ganti clana gombyor warna ireng lan kaos oblong rupa putih. Resik-resik lan ngrumat tanduran ing sakiwa tengene mesjid. Mbah Sidik direwangi dening kang Mat, kang dipatah dadi marbote mesjid Al Ikhlas kono. Tandurane akeh lan kabeh urip ngrembuyung, amarga sabendinane tansah diopeni dening mbah Sidik lan kang Mat. Udakara jam setengah sanga mbah Sidik tindak menyang bale desa amarga ana bab kang bakal dirembug karo pak Lurah Tirta Wening kono.

Ora adoh saka mesjid Girli, ing njero omah rupa putih, Retno muring-muring ora karu-karuan marang Kardi, bojone, amarga weruh kahanan omah kathing slengkrah. Jogan durung disapu, meja kursi mawut urung ditata, cendhela isih tutupan lan ana cangkir gelas isih ana meja tamu. Sanalika Retno emosi, mbengok banter karo muring-muring, “Mas Kardiiiii …. Sampeyan mrene mas. Wong lanang kok ngopi, ngorok, ngluyur thok penggautane”.

Kardi kang isih ngopi ana teras ngarep enggal ngadeg lan sumaur, “Ana apa ta dhik, kok mbengokmu banter tenan, kaya swarane gludhug. Apa sampeyan ora isin karo tangga teparo, apa maneh ngarep omah kuwi ana mesjide mbah Sidik. Nyeluk bojone kok kaya mbengoki preman, ae”.

Wusanane Retno karo Kardi lungguh adhep-adhepan ana kursi tamu. “Aku wiwit mau esuk wis omong karo sampeyan, yen esuk iki aku rewang ana omahe yu Darmi, kulon bale desa, mulane omahe kuwi ya resikana, tatanen ben Katon resik ora ngisin-ngisini yen ana tamu,” mangkono Retno omong setengah ngamuk marang Kardi bojone.

Kardi banjur wangsulan, “Aku iki ya ngerti perkara kuwi Ret. Nanging caramu mrentah lan guneman kuwi marai aku budrek lan mumetne sirah. Apa maneh aku iki minangka wong lanang ora nduwe kewajiban ngresiki omah. Kuwi kabeh dadi tanggung jawabmu minangka wong wedok. Ngerti pora?”

“Kok nyimutmen mas awakmu. Urip bebarengan wong loro kok kabeh gaweyan omah mbok byukne marang aku. Bangkekanku apa ora sengkleh ta, mas Kardi sing nggantheng uleng-ulengan kaya Gathutkaca yeng didelok saka gunung Semeru kana”, Retno tetep wae anyel karo bojone.

“Wis ngene ae Ret, ayo bareng sowan mbah Sidik kanggo ngedhem pikirane awake dhewe. Mbok gegeran nganti ngko sore, mokal menawa awakmu gelem ngalah. Mbah Sidik kuwi piyantune sabar, ngelmu agamane dhuwur, pantes yen dijujug kanggo nyuwun nasehat”, Kardi kang atine wis rada lerem, guneman marang bojone. Retno mantuk sarujuk senajan rada goreh atine.

Ora let suwe, wong loro wis tekan mesjid Girli, banjur uluk salam. Sing mangsuli dudu mbah Sidik nanging kang Mat. “Mangga-mangga pinarak mas Kardi. Kok njanur gunungbtindak mrene karo mbak Retno, apa arep kagungan acara?” Kang Mat mangayubagya rawuhe tamu kekarone, lan ngaturi pinarak ana gazebo lor mesjid.

Kardi banjur guneman, “Ya ana perlu sithik kang, karo mbah Sidik. Kok ora ana ketok ya, mbah kyai, apa lagi tindak?”

“Iya mas Kardi, mbah kyai mung tindak menyang ndaleme pak lurah, kono ae. Dhawuhe mung sedhela kok. Mangga dirantos. Sedhela maneh insyaAllah mbah Sidik bakal rawuh.” Kang Mat njlentrehne marang Kardi lan Retno.

Jumbuh karo kang diomongake kang Mat, ore let suwe mbah Sidik rawuh lan uluk salam banjur enggal njagongi tamune kang wis ngenteni rawuhe.

“Oalah mulane aku mau lungguh ana daleme gus Lurah kok rumangsaku ora pati jenak, jebule ana manten anyar pada ndhayoh ing mesjid Girli kene toh. Kepriye Kardi karo Retno, lak ya padha sehat kabeh iki?” mbah Sidik dhawuh kanthi weninge ati, ndadekake ayem kang mirengakem.

“Nggih mbah kyai, saka pangestu panjenengan, aku karo sisihanku, Retno, tansah sehat wal ‘afiat. Sadurunge aku nyuwun pangapura mbah, esuk – esuk wos ngrepoti panjenengan, amarga aku lan Retno arep nyuwun nasehat menyang panjengan”, Kardi matur alon-alon marang mbah Sidik.

“Ana apa to, Di. Kok ndadak golek nasehat barang. Aku iki lho wong tuwa, kadaluwarsa apa ya ngerti kepriye uripe wong jaman saiki”, mbah Sidik sumaur karo mesem.
“Mat, endi iki kopi karo teh kanggo tamu manten anyar iki. Lha kepriye, elingku Kardi karo Retno iki ya lagi amah-omah durung limang taun, ya dianggep ae manten anyar. He he he,” Mbah Sidik dhawuh marang kang Mat karo ngguyu.

“Wah mbah ora usah repot-repot nganggo suguhan barang. Aku karo dhuk Retno mung perlu matur sedhela wae kok,” Kardi rumangsa kecipuhan amarga arep disuguhi barang karo mbah Sidik.

“Mat, aja lali pohong kaspe sing jik anget kuwi ya gawanen mrene”, Mbah Sidik nambahi dahwuh.

“Nggih mbah kyai, siyaaaap. Hla iya mbah, kok njanur gunung tenan, tangga ngarep mesjid esuk-esuk wis tindak mrene. Mas Kardi karo mbak Retno, ora usah nganggo sungkan barang sabab dhawuhe mbah kyai marang aku, Nabi dhawuh yen wong iman marang Allah lan Rasul, kudu mulyakake tamune. Hla aku ya pingin hlo mas, dadi wong kang nduweni iman jejeg marang Allah dan Rasul, mulane aku tansah kepingin mulyakake tamu mesjid kene. Ngono dhawuhe mbah Sidik, mas,” kang Mat melu urun rembug.

“Ngene hlo mbah Sidik, jane aku ki ya isin arep matur panjenengan. Lagi wae aku gegeran karo bojoku, Retno. Dheweke meksa aku karo muring-muring supaya aku nandangi pagaweyan omah amarga dheweke rewang menyang omahe yu Darmi. Hla ku ya kabotan mbah, esuk-esuk kok diuring-uring perkara kuwi. Jarene Prapto kancaku, yen wedi karo bojo kuwi klebu anggota ISTI, ikatan suami takut istri,” Kardi matur kanthi cetha.

“Halah dhapurmu mas, wong sekisuk ngopi thenguk-thenguk ana teras. Mosok ora risih ndelok omah pathing slengkrah ngono,” Retno nyauri ora trima karo omongani bojone.

Mbah Sidik malah ngguyu banjur dhawuh, “Hehehe, oh ngono to perkarane. Ya ya ya, ayo diunjuk dhisik iki kopi kanggo Kardi lan teh kanggo Retno. Ben bening atine. Ngene ya Kardi karo Retno. Wong bebojoan kuwi pawitane mung ati, dadi kabeh apa kang ditindakake bebarengan karo bojo kudu linambaran ati kang wening. Yen lagi emosi menenga dhisik aja tumindak apa-apa, mundhak ala kedadeyane, Kuwi angka siji, Angka loro, guneman karo bojo kuwi kudu nganggo tata krama, kudu ngajeni siji lan sijine. Angka telu, malah kepara apik wong lanang kuwi mbiyantu sisihan tandang gawe pakaryan omah. Kuwi ngono piwulange kanjeng Nabi, hlo Kardi. Nabi yen ana ndalem tansah ngrewangi garwane tandang gaweyan omah. Kancamu kang ngarani ISTI Kuwi ora usah mbok gatekne, Di. Angka papat, kang pungkasan, engko shalat Isya’ Kardi ngimami Retno, bar shalat aja ngluyur, ana omah wae wong loro ya,” Mbah Sidik Dhawuh kanthi terang trawaca marang tamu kekarone.

“Wis ayo ndang ditunjuk kopi karo tehe, aja lali pohong kaspene,” mbah Sidik kanthi grapyak manggakne tamune.

Rampung bali saka mesjid Girli, Kardi karo Retno rumangsa marem atine marga wis oleh dhawuh saka sesepuh desa Tirto Wening. Kekarone manteb atine arep nindakaje dhawuhe Mbah Sidik, lan tansah nyuwun marang Allah muga-muga rumah tanggane bisa lumaku ayem tentrem bagya mulya, nir ing sambekala. (*)

*) Dodik Priyambada, Penasihat Ahli Majelis Dikdasmen dan PNF PDM Gresik.

Editor