Dening: Dodik Priyambada
Rampung sholat Tarweh, Budi ndelok video ing YouTube karo getem-getem, amarga isine nuduhake Amerika lan Israel nyerang Iran nganggo rudhal, nganti kahanane Iran korat-karit.
“Pancen Amerika karo Israel kuwi wedhus tenan, saben wektu mesthi nggawe perkara ana jagad iki,” Budi nggrundel karo omong dhewe, nyuput kopi ing warkope Cak Qodri.
“Saiki Iran ngamuk, negara Israel karo pangkalan militere Amerika ing Timur tengah dirudhal ajur mumur. Ben ae negara Israel ilang saka peta ndonya, yen ora ngono Israel bakal nggawe kisruh bolak-balik”.
Ora suwe, Agus teka karo mesem ndelok Budi muring-muring dhewe. Ora keri, Cak Qodri sing nduweni warkop uga ngguyu cekikikan, ndelok polahe Budi.
“He, Gus, kok malah awakmu mesam-mesem kaya wong ora nduwe dosa. Kahanan jagad kisruh kaya ngene kok mung sing mbok dipikir wetengmu dhewe,” Budi maido karo rada emosi. “Tanggung jawabmu minangka Warga Negara Indonesia kuwi mikirna kedamaian ndonya, merga Indonesia kuwi ngugemi politik bebas aktif, bro”, Budi nerusake emosine.
Agus kaya-kaya ora nggatekake Budi. Dheweke malah banjur pesen kopi menyang Cak Qodri, “Kopi ireng, cak. Gulane sithik wae.” Sabanjure dheweke lungguh, njupuk gedhang goreng, banjur dipangan cemal-cemil.
Agus banjur guneman, “Awakmu kok eram tenan, Bud. Wong presiden Indonesia wae ora komentar, kok awakmu muring-muring. “Bebas aktif kuwi, aku bebas melu mikir apa ora melu mikir kisruhe ndonya kaya dina iki, hahah. Dina iki awakmu kok macak pengamat politik luar negeri, Bud. Apa merga lagi sumpek mikir utangmu, banjur golek omongan kaya ngone iki?” Agus malah ngece Budi.
Budi ora nesu, malah ngakak. “Dhapurmu kok ngerti menawa utangku akeh, Gus. Hahaha… Ngko kopiku karo jajane bayarana ya!. Beres, Bud. Nanging piye iki urusan Amerika karo Israel?” pitakone Agus.
“Yen mung musuh Iran ijenan, mesthine ya ora imbang. Negara liyane kudu melu cawe-cawe langsung kaya Rusia, Cina, Turki, India, Pakistan utawa Korea Utara, hla liyane ya liwat PBB bisa pada usul supaya Amerika karo Israel ditokne saka PBB”.
Budi njekithut bathuke rada mikir, “Nek isa ngono ya apik, bro. Amerika karo Israel kuwi pancen setan belang. Iran dirudhal nganti presidene wafat. Alasane nyetop pengayaan nuklir Iran. Apa mathuk alasane Amerika karo Israel, kaya ngono kuwi? Iran kudu direwangi perang lan uga diplomasi ana PBB ben Amerika karo Israel keok”.
Agus nyeletuk karo mringis, “Ya usula wae marang presiden Indonesia kono, Bud. Wani ora awakmu usul menyang istana negara?”.
Budi mangsuli karo rada emosi, “Bathukmu anjlok, Gus! Nyangopo aku mbok kon usul nggone pak presiden. Mbok kokn mlaku apa piye aku nyang istana? Hla wong dhuwit wae aku ora gablek, kok.”
Cak Qodri banjur nyambung, “Oalah, dhuwit ora gablek kok ngrembug perang rudhal. Wis, Bud, luwih becik cepet-cepet golek dhuwit kanggo mbayar utang. Perangmu saiki yo perang karo utang”.
“Hahaha, gombal pancen awakmu, Cak Qodri,” Budi mbengok karo ngguyu. Agus lan Qodri bareng-bareng ngguyu. Warkope Cak Qodri dadi rame, kebak guyonan wong telu sing ora pati jelas, nanging rukun. Muga-muga Allah paring alam ndonya iki bali ayem tentrem. (*)




