Sabendina Munggah Kaji

banner 468x60

Dening: Dodik Priyambada

Wulan Dzulhijjah, aran wulan kang kaping rolas ing tanggalan hijriyah, saka tembung basa Arab, tegese wulan haji. Wulan Dzulhijjah kebak dina kang wigati tumrap wong Islam, salah sijine wancine para jamah haji nindakake wuquf ing Arafah tanggal 9 Hijriyah.

Kang ora lagi lunga kaji, padha nglakoni pasa Arafah tanggal 9 Dizulhijjah kang bakal diparingi ganjaran dening Allah arupa pangapura dosa setahun kepungkur lan dosa setahun kang arep lumaku (hadits riwayate Muslim). Tanggal 10 Dzulhijjah iku diarani dina Iduladha, lagi kang lagi munggah kaji wayahe mbalang jumrah ing Mina, lan umat Islam liyane nindakake shalat Id lan ibadah qurban kanthi mbeleh sapi utawa wedhus.

Dina kuwi warunge Qodri wis wiwit bukak, sawise prei limang dina kanggo ngurmati dina Ieduladha. Srengenge wis menthor-menthor, pitik-pitik wis saba kebon lan para kadang tani wis padha mudhun menyang sawahe dhewe-dhewe.

Mbah Wir, wis wiwit esuk mau lungguh dhingklik pojokan warunge Qodri karo nyruput kopi ireng tanpa gula lan sarapan sega bungkus godhong gedhang, lawuhe mi karo ndhog. Piyantun sepuh kuwi senajan wis yuswa meh pitung puluh, awake bagas kuwarasan lan isih aktip ana kegiatan kampung lan mesjid.

“Mbah Wir, jarene kang Jono wong brang kidul cedhake bale desa kono, munggah kaji ya?” Qodri takon.

Mbah Wir banjur nyauri, “Iya bener Dri, aku weruh amarga aku menyang omahe rong ndina sadurungan Jono budhal kaji wingenane kae.”

“Kok ya bejomen uripe Jono kuwi mbah, umur seketan wis bisa munggah kaji. Hla aku iki taun wingi wis setor biaya awal BPIH utawa Biaya Pelaksanaan Ibadah Haji selawe yuta, nanging jarena budhalku kurang luwih pitu likur taun maneh mbah. Tegese pas munggah kaji suk mben umurku wis luwih saka pitung puluh tahun, mbah. “Qodri crita karo rada nggrundel atine.

Mbah Wir ngguyu lakak-lakak krungu gunemane Qodri, “Ha ha ha, awakmu kuwi hlo Dri kok kaya kentekan syukur ae. Awakmu waras, nduwe dhuwit kanggo mbayar munggah kaji kok jik protes ae karo Gusti Allah. Deloken kiwa tengenmu kae, akeh wong kang ora nduwe dhuwit kanggo munggah kaji. Perkara umur pitung puluh kuwi pasrah wae marang Kang Maha Kuwasa, lan nyuwuna supaya nalika munggah kaji awakmu diparingi awak sehat.”

Dumadakan Budi karo Agus teka ing warunge Qodri lan padah pesen kopine dhewe-dhewe. Budi sanalika melu urun rembug, “Mbah Wir kuwi bener, hla potongan awakku iki blas ora gableg dhuwit nggo lunga kaji, ya tak tampa lega lila minangka dalane uripku nganthi dina iki. Ya mbuh suk pungkasane nganti aku ditimbali Gusti Allah bisa lunga kaji apa ora, aku ya mung pasrah wae marang Sing Kuwasa.”

“Kahanan saiki akeh wong kang wis umur seket suwidakan lagi nduwe dhuwit kanggo mbayar biaya awal BPIH. Hla kahanan kaya ngono kuwi kepriye mbah? Wayahe munggah kaji umure pitung puluh wolung puluhan ngono. Yen ora tuwa ya mbok menawa ya wis wafat. “Budi nambahi omongane.

“Ya ora piye-piye Bud, sababe ing ngarsane Gusti Allah, kang wis mbayar biaya awal kuwi tegese wis nduwe krenteg utawa niyat munggah kaji. Perkara bisa lan orane munggah kaji, kabeh mau apa kang bakal dadi takdire Gusti Allah. “Mbah Wir sumaur karo nyruput kopine.

Agus uga urun rembug, “Perkara munggah bisa munggah kaji apa ora kuwi kari manut lakone uripe dhewe-dhewe. Ana kang bisa mbayar lan munggah kaji kuwi kanugrahan, kang mung bisa mbayar biaya awal mabjur melu antri budhal kaji nanging ora bisa budha amarga wafat utawa umure wis tuwa, kuwi ya wis takdir, klebu kang ora nduwe dhuwit kanggo munggah kaji kuwi ya takdire Sing Kuwasa. Sing sengaja kulakan perkara lan dosa yaiku wong kang nduwe ragat kanggo munggah kaji nanging nganti matine ora munggah kaji kanthi alasan ngalor ngidul ora cetha jluntrune.”

Qodri banjur guneman, “Wah atiku dadi lega krungu katrangane mbah Wir lan Agus. Wis ora gemrengseng maneh atiku.”

Budi takon, “Apa saiki amarga antri munggah kaji kuwi suwe banget, kewajiban munggah kaji kuwi bisa cukup diganti nganggo ibadah Umroh, Gus?”

“Hlo ya ora Bud, munggah kaji tetep wajib kanggo kang mampu. Dhuwite dhisik diklumpukne mbayar biaya awal, oleh nomer antrian, banjur nunggu oleh panggilan munggah kaji, Dilakoni wae kabeh urutane, mbuh kepriye dadine yan kari ndonga wae marang Gusti Allah. “Agus mangsuli kanthi wicaksana.

Mbah Wir urun rembug, “Umroh kuwi apik Bud, nanging ora bisa kanggo nggenteni ibadah Kaji. Kanggo kang durung diparingi rejeki cukup kanggo munggah kaji, ana ibadah kang pahalane padha karo nindakake ibadah kaji lan umroh yaiku shalat Subuh jama’ah, lungguh lan dzikir marang Allah nganti srengene mlethek lan shalat rong rakaat, jumbuh karo hadits-e Tirmudzi. Dadi aja kurang syukurmu Bud, dene nganti dina iki durung bisa munggah kaji.”

“Wah nggih mbah, yen ngono prasasat aku bisa kaya lunga kaji lan umroh kanthi nindakake kaya kang mbok dhawuhake mau. Bar saka mesjid banjur ngopi menyang warunge cak Qodri. Ha ha ha” Budi guneman kathi bungah.

Mbah Wir nambahi dhawuh karo ngguyu, “Aja lali cathetanmu utang nggone Qodri kudu dicicil Bud, ha ha ha”.

Kabeh kang ana warung uga melu ngguyu, ngguyu apa anane kanggo ngebrolake apa kang dadi ruwet uripe. Dudu ngguyu samudana utawa ethok-ethok ngguyu nanging sejatine mrongkol atine. Urip pasrah kepriye takdir bakal teka dan nampa kanthi ikhlas kang wis digarisake, iku dalane urip ayem tentrem lan marem. (*)

*) Dodik Priyambada, Penasihat Majelis Dikdasmen-PNF PDM Gresik, penulis buku ‘Damar Ublik’.

Editor

Berita Yang lain