Becak Rodhane Telu

banner 468x60

Dening: Dodik Priyambada

Nalika semana, wayah wengi kurang luwih jam 11 bengi, aku mudhun saka bis ing sangarepe terminal bis ing kuthaku. Kaya padatane saben dina Setu bengi aku bali menyang kuthaku numpak bis saka pantura, kutha panggonan anggonku makarya, terus ganti bis ing terminal transit banjur tumuju menyang kuthaku. Aku kulina mudhun ing terminal bis lawas amarga luwih cedhak saka omahku.

Sawise aku mudhun saka bis, daksawang akeh tukang becak padha rebutan golek penumpang. Aku kaya lumrahe, milih tukang becak kang dhisik dhewe ketemu karo aku. Ing pikiranku mung kepriye amrih nlang cepet tekan omah, tur dhasare mripatku ya wis krasa rada sepet amarga ngantuk. Sawise munggah becak, langsung takwenehake dhuwit kang wis taksiyapake sadurunge mudhun saka bis, karo kandha marang tukang becake, “Jalan Pahlawan, Mas!”.

Becake wiwit mlaku alon-alon, ndadekake awakku rada kadhemen, awit pancen hawa kuthaku kuwi atis banget yen wayah wengi. Aku nyoba mbukak omongan kanggo ngilangi ngantukku, “Dalemipun pundi, Mas?”. Tukang becak mau mangsuli yen omahe ing salah sawijining pedhukuhan kang ora adoh karo omahku. “Hlo sekedhap ta, Mas… kanca kula SD menika kathah kang griyanipun, pedhukuhan mriku.”.

Aku banjur ngandhakake jenenge kancaku kang omahe saelingku saka pedhukuhan kasebut. Dheweke age nyauri lan nyritakake kahanane kanca-kancaku siji-siji kanthi cetha. Aku bungah banget bisa oleh warta ngenani kahanane kanca-kancaku nalika isih sekolah ing sekolah dhasar saka critane mas tukang becak iku mau. Aku ya rada nggumun kok dheweke apal banget siji mbaka siji kanca-kancaku. Aku takon marang dheweke, “Hla, sampeyan menika sekolahipun wonten pundi?”. Dheweke ngguyu karo mangsuli, “Kula rak inggih kanca sampeyan ta, Mas.”.

Mak tratap, atiku kaget banget lan rumangsa luput, sebab lali karo kanca sekolah. “Hlo, sampeyan menika sinten? Pangapunten hlo, amargi sampun langu mboten kepanggih, kula kok kurang awas lan kesupen kaliyan panjenengan.”, aku nyoba golek alasan, amarga ora eling babar pisan marang dheweke.

“Inggih, Mas! kula rumiyin setunggal sekolahan kalih panjenengan, nanging benten SD (pancen ing nggonku sekolah kuwi ana SD cacah loro, sapanggonan adhep-adhepan sekolahane)”, dheweke mangsuli kanthi lirih nanging isih bisa dakrungokake.

“Sekedhap ta, Mas! menawi nunggal panggenan mesthinipun kula nggih sumerap kalihan panjenengan”, aku kandha ngono karo mengo mburi.

“Oalah sepurane ya mas Parman. Oalah jebul, sliramu ta, Mas. Ya wis yen mangkono awake dhewe ora usah ndadak nganggo basa krama inggil ndakik-dakik kaya ngene, becike basa ngoko wae, ben luwih akrab.”.

Aku omong mangkono sawise aku ngematake lan ngerti sapa sejatine tukang becak kang lagi ngeterake aku mulih iki mau, kang ora liya Parman kancaku nalika ing sekolah dhasar. Aku banjur omong-omongan gayeng banget karo mas Parman, crita-crita ngenani kanca-kanca SD dhek jaman semana. Jebule si Parman pas wektu kuwi wis nduwe putra telu.

“Mas, hla ngerti kancaku kok sampeyan mau ora ngendikan hlo?”, aku takon marang Parman.

“Isin mas, aku mung tukang becak, ora akeh wong sing ngregani tukang becak kaya aku iki. Mulane, yen ngepasi ana penumpang kanca lawas lan dheweke ora apal karo aku, aku biyasa ya ora blaka menawa aku kancane.”, mengkono dheweke guneman marang aku.

Aku ngomong akeh karo dheweke ngrembug perkara urip lan panguripan. Ing sajroning rembugan mau, aku karo dheweke wusanane nyetujoni yen sesrawungan karo liyan kuwi ora perlu mbedak-bedakake saka status sosial lan ekonomi, kanca ya kanca, senajan kaya ngapa kahanane. Aku kandha menawa dheweke begja wis diparingi momongan telu, pas kuwi aku isih durung omah-omah (wektu kuwi lagi tata-tata arep nikah). Tegese, rejeki kang ditampa Parman saka Gusti Allah luwih migunani lan berkah, amarga dienggo nyukupi kebutuhan kulawargane. Beda karo kang isih legan kaya aku nalika semana rejeki mung kanggo nyukupi butuhku dhewe.

Sawise kedadeyan kuwi saelingku, aku tau sepisan numpak becake Parman maneh. Banjur, wis arang-arang ketemu maneh karo dheweke. Muga-muga Parman tansah diparingi pangayoman sarta berkah saka Gusti Allah anggone golek pangupajiwa kanggo nguripi putra lan sisihane.

Urip ngono pancen mubeng kaya rodha becake Parman. Mubeng terus nganti titiwancine wong urip bali sowan menyang ngarsane Gusti Allah. Menungsa kang luhur dhewe ing ngarsane Gusti Allah, ya menungsa kang tansah nindakake dhawuhe lan ngedohi marang samubarang kang ora dikeparengake dening Gusti Allah. Ing wekasan crita lelakonku ketemu karo Mas Parman, kancaku SD sing dadi tukang becak iki, ayo disemak parikan ing ngisor iki!

“Becak rodhane telu, amot glepung saka ndesa,
yen lagi kepenak uripmu, kudu tetulung marang wong liya.” (*)

*) Dodik Priyambada, Penulis buku ‘Damar Ublik’, 2018.

 

Author