Dening: Dodik Priyambada
Dina keri-keri iki, akeh wong tuwa kang bingung takon ngalor-ngidul, kepriye golek sekolahan kang apik kanggo putra-putrane. Meh kabeh sekolahan promosi yen sekolahane apik, semana uga tuition utawa biaya pendhidhikane ya padha jor-joran murah-murahan, malah akeh uga sekolahan kang gratis zondher mbayar. Masyarakat dadi mangu-mangu anggone milih sekolahan kang cocok kanggo putrane.
Wengi iku Budi mlaku rikat ndhodhok omahe Slamet, amarga ana bab kang wigati banget tumrape Budi kang perlu ditakokne Slamet. Sawise tekan omah Slamet lan dipinarakne, Budi banjur miwiti guneman:
“Met, aku ki mumet tenan dina-dina iki, amarga anakku taun iki wayahe mlebu SMP. Aku anyel tenan karo awakku dhewe, amarga bingung kudu nyekolahne anakku ana SMP sing ngendi. Aku ya weruh kasunyatan kang nambahi mumete sirah, yaiku tingka polahe bocah-bocah SMP jaman saiki kok akeh sing kurang subasita lan kurmat marang guru lan wong tuwane. Omongane bocah-bocah kuwi ya akeh kasare, kaya bocah ra tau mangan sekolahan.”
“Hahaha, sik Bud, sabar lan sareh ya. Pancen kabeh kang mbok omongake kuwi sawijining kasunyatan, paribasane bocah saiki luwih pinter HP tinimbang ngerti marang tata krama. Mulane awakmu pancen kudu ngati-ati nalika milih sekolahan kanggo anakmu,” Slamet aweh wangsulan.
“Aku kepingin anakku isa sekolah gratis sing mutune apik, Met. Aku wingi kae ndelok enek spaduk gedhe tulisane, sekolahane gratis ora mbayar apa-apa.” Budi njlentrehne karepe.
“Ya ora apa-apa Bud, golek sekolahan sing gratis. Nanging awakmu kudu eling, yen samubarange gratis, biasane ya ora bisa dijaluk mutune apik. Hla wong gratis kok njaluk apik mutune, kuwi angel. Awakmu ya aja gumampang milih sekolahan mung adhedhasar gratisan, Bud. Iki ora padha karo milih gorengan, bar tuku diemplok terus rampung urusane,” Slamet nambahi omongan.
“Ya bener omonganmu Met, aku bakal mumet mikir dhuwit kanggo ragat sekolahe anakku yen kudu mbayar larang. Kosok baline yen sekolahane murah nanging ora cethe programe, uha nambahi abot pikiranku. Wis ngene ae, Met, saiki ayo ngopi nggone cak Qodri, mumpung durung wengi kahanane,” Budi guneman lan ngejak Slamet budhal menyang warung kopine Qodri.
Wusanane Budi karo Slamet bebarengan mlaku menyang warung kopine Qodri. Warung kopine Qodri, kang mapan ana sisih kiwane mesjid desa kuwi swasanane rame akeh sing padha ngopi, mangan sega bungkus utawa ngemil jajan gorengan, sinambi omong-omongan gayeng lan guyon ora karuan jluntrunge. Agus karo mbah Wir wis sawetara anggone ngopi ana warunge Qodri. Weruh Budi karo Slamet teka, mbah Wir banjur enggal nyapa kekarone, “Slamet karo Budi ayo enggal lungguh kene. Warunge karasa sepi yen awakmu sakeloron durung teka. Ha ha ha.”
Budi sumaur, “Hla ya kuwi mbah Wir, aku mau mampir dhisik menyang omahe Slamet, saperlu konsultasi kepriye carane milih sekolah kang apik. Slamet kuwi putune mbah Guru Bekti, dadi sithik akeh ya methi ngerti ing babagan pendhidhikan.
“Ya aku ngerti mung sithik, Bud. Mulane aku enggal wae ngejak awakmu menyang warunge cak Qodri, supaya luwih akeh kang bisa menehi panemu,” Slamet nyauri omongane Budi.
“Bud, milih sekolahan kanggo anakmu, iku ana telu kang dudu dadi pertimbangan. Angka siji, sekolahane kudu temen anggone nggulawentah murid-muride ing babagan agama, supaya anak putumu yen wis ngancik alam kadhewasan agamane jejeg oran miyar miyur kaya dhapurmu kuwi. Ha ha ha. Angka loro, guru-gurune bisa dadi tepa palupi utawa uswatun hasanah kanggo murid-muride, jumbuh karo dhwuhe KI Hajar Dewantoro, Ing Ngarsa Sung Tuladha. Angka telu, sekolahane kudu nduwe program pendhidhikan kang bisa nyangoni ngelmu lan ketrampilan kang mumpuni saha budi pekerti kang luhur,” mbah Wir dhawuh marang Budi.
“Aja nganti sawise rampung sekolahe, ngajine anakmu blekak blekuk kaya dhapurmu kuwi, Bud. Hahaha,” Agus nambahi dhawuhe mbah Wir.
“Iya mbah Wir lan Agus, aku dadi ngerti saiki yen milih sekolah orang mung mikir gratisane utawa murahe ragat wae, amarga pendhidhikan kang ditampa ing sekolahan bakal dadi pondhasi uripe anakku ing dina mbesoke. Ya wis ben, aku mrothol klas telu SMK, sing penting anakku kudu luwih apik nasibe apik tinimbang aku,” Budi sumaur kanthi semangat makantar-kantar.
Slamet melu guneman, “Hla Bud, dhawuhe mbah Wir lan panemune Agus luwih cetha. Aja mung golek sekolahan gratisan utawa ragat murah, nanging ora jelas mutune. Miliha sekolahan kanggo anak ngono pancen ora padha karo milih goregan ing warunge cak Qodri iki. Ha ha ha,”.
Qodri nambahi amongan karo guyon, “Bud, dina iki gorengan kanggo awakmu gratis, mangana sakuwatmu, supaya awakmu tansah eling yen milih sekolahan kanggo anakmu kuwi ora padha karo milih gorengan. Ha ha ha. ”Warunge Qodri dadi luwih sumringah, kebak guyon maton kang manfaat lan kabeh padha guyub, rukun lan ayem tetrem atine. (*)
*) Dodik Priyambada, Penasihat Majelis Pendidikan Dasar dan Menengah – Pendidikan Non Formal PDM Gresik; Penulis Buku ‘Damar Oblik’.







