Swasembada Dhompet

banner 468x60

Dening: Dodik Priyambada

Salah sijining perkara kang wigati ing bumi muswantara yaiku kepriye supaya pemerintah bisa nyukupi kebutuhan beras masyarakat, amarga beras kuwi minangka makanan pokoke mayoritas wong saindenging Indonesia.

Pak Menteri Pertanian, pirang dina kepungkur ngendikan yen saiki stok beras Indonesia sumadya ora kurang saka 5 juta ton utawa cukup kanggo nyukupi kebutuhan beras nasional luwih saka setaun. Wiwit taun 2025 Indonesia pancen wis ora impor beras konsumsi, mulane ya bisa diarani yen Indonesia wis swasembada beras.

Warung-warung lan rumah makan bisa ngrasakake yen pasokan beras lancar kanggo nyukupi kebutuhane kang padha ngersakake dhahar sega, klebu warunge Qodri.

Warunge Qodri esuk uthuk-uthuk wis bukak lan sega bungkus godhong gedhange kumebul ambabar gandha sedhep ndadekake kang ana warung dadi luwe sanalika. Agus esuk kuwi wis teka ana warunge Qodri banjur mbukak sega bungkus kang anget lan mirasa.

Qodri takon, “Gus kok kadingaren esuk uthuk-uthuk wis sarapan. Apa arep nandangi gaweyan gedhe?”
Agus mesem lan sumaur, “Aku kudu dhines luar kota cak. Mulane esuk-esuk wis nyangga sega bungkusmu kang proling iki.”
Qodri takon maneh, “Apa kuwi proling Gus? Kok aku durung tau krungu.”
“Proling kuwi pro lingkungan, cak Qodri, amarga sega bungkusmu bungkus godhong ora nambahi produksi sampah plastik, mulane klebu nyengkuyung gerakan sampah plastik nol, sak indenging ndonya.”Agus mangsuli.

Ora let suwe, Budi teka karo rada emosi nggremeng, “Pemerintah kok menehi anjuran marang masyarakat, supaya nyuda konsumsi beras utawa ngurangi mangan sega putih, lan mangan sega jagung, thiwul, sagu lan sapanunggalane. Jarene saiki Indonesia wis swasembada beras. Apa ora mbingungi anjurane pemerintah kuwi? Lan maneh, apa ora ateges awake dhewe digawa mbalik jaman penjajahan mbiyen, Gus? Nalika semana akeh masyarakat ora isa mangan sega putih, mung bisa mangan sega jagung lan thiwul”

Agus mangsuli,”Ha ha ha, lungguh sik Bud, ndang nyruput kopi ireng senenganmu supaya bathukmu ora umob. Ngene hlo, cah nggantheng. Swasembada beras kuwi kudi dijaga, supaya Indonesia ora mbalik maneh dadi negara importir beras. Kepriye carane? Ya kanthi njaga lan nambah produksi pari nasional, stabilisasi rega beras, distribusi beras kang adil – rata, lan nambah makanan pokok alternatif non-beras kaya sega jagung, sega thiwul, sagu lan sapanunggalane. Yen mung nggenjot produksi beras wae, suwe-suwe swasembada beras bakal jebol, amarga berase kurang lan kudu impor maneh.”

Slamet kang wiwit mau wis nyruput kopi ireng ana pojokan nambahi guneman, “Awakmu kuwi Bud, ora usah pilih-pilih mangan sega putih terus. Pisan pindho ya kudu diselani nganggo mangan pohong utawa kaspe, kang ya medhuk tur uenak, cemepak ana warunge cak Qodri kene. Mirasa rasane, uga mbiyantu pemerintah ngurangi konsumsi beras, lan apik kanggo kesehatan amarga kaspe kuwi kadar gulane luwih endhek tinimbang sega putih.”

Budi sumaur, “Ya ya, aku wiwitane kuwi hlo ora paham, yen anjuran konsumsi makanan pokok non beras kuwi minangka gerakan kang banget migunani kanggo program swasembada beras. Trus anu Met, aku ki senajan wis ngemplok apa wae saliyane sega putih, wetengku rasane kaya durung mangan. Jik pingin mangan sega putih ae.”

Qodri urun rembug, “Oalah Bud, wetengmu kuwi apa ora tau sekolah? Weteng karet apa kepriye kuwi? Ha ha ha. Ya pikiranmu kudu ditata, rasamu kudu diatur, supaya yen wis mangan jagung, kaspe lan panganan non beras, wetengmu krasa wareg, ora nggoleki sega putih maneh.”

“Ya bener kandhamu cak Qodri, kok rada angel pancene. Sik, aku arep takon marang Agus. Gus, saiki akeh perumahan kang dibangun ing lemah sing sadurunge awujud sawah. Apa ora abot kuwi njaga produksi beras nasional, amarga sawahe saya suda cacahe?” Budi takon.

Agus sumaur karo mesem kecut, “Ngene Bud, perkara ijin nggawe perumahan kuwi kudu luwih diteliti, manfaat lan mudharate sadurunge ijin disetujui pemerintah. Tujuane supaya sawah-sawah ora cepet akeh kang ilang dadi perumahan utawa pabrik. Program liyane kang uga wigati banget yaitu program pencetakan sawah ing njabane pulo Jawa lan Sumatra, kaya Kalimantan, Sulawesi, Nusa Tenggara, Maluku, Papua lan liya-liyane. Sawah-sawah anyar mau bisa kanggo nambah kapasitas produksi pari supaya asile beras saben taune bisa mundhak akeh kanggo nyengkuyung swsembada beras nasional”

Budi guneman, “Oh ya Gus, aku bisa mudheng saiki. Awakmu pancen joss gandhos tenan anggone aweh katrangan perkara swasembada beras iki.”

Qodri nambahi omongan, “Bud, ngrembug swasembada beras ya pancen apik lan perlu, nanging kanggo awakmu ana kang luwih wigati maneh yaiku swasembada dhompetmu kuwi, supaya utangmu neng warungku kene ndang lunas. Ha ha ha.”

Kabeh kang lagi ana warunge Qodri ngguyu renyah atine bungah. Kabeh padha guyub rukun. Yen karep lan penemu beda, kanthi kepenak bisa dirembug. Beda ara apa-apa, angger ora waton sulaya, karep lan panemu padha ya apik waton ora mung kanggo abang-abang lambe. Warunge Qodri pancen tansah ngangeni kanggo palipur ati. Kabeh mung padha kepingin kahanan kang murah sandhang pangan lan seger kuwarasan, kaya gendhing pambuka kang saben esuk digiyarake dening RRI Surabaya. (*)

*) Dodik Priyambada, Penasihan Majelis Pendidikan Dasar dan Menengah (Dikdasmen) dan Pendidikan Non Formal (PNF) PDM Gresik, Penulis buku ‘Damar Oblik’.

 

Editor