Dolar Nanging Utang

banner 468x60

Dening: Dodik Priyambada

Sang bagaskara, ya sang surya, wiwit sumunar, madhangi jagad saisine. Pitik-pitik wis padha saba kebon golek pangan dhewe-dhewe, jumbuh kaya dhawuhe Allah, “Lan ora ana babar pisan makhluk kang urip ing ndonya iki kejaba kabeh wis dicepaki rejekine dening Allah” (Al Qur’an Surat Hud ayat 6).

Warunge Qodri wis sumadya nampa rawuhe para tamu, apa maneh dina kuwi pancen dina Ahad Wage, pancen akeh wong-wong kang padha prei, saha akeh warga kang menyang pasar Wage, amarga pancen saben pasaran Wage, pasare luwih rame, barang kang di dol ya luwih akeh. Para kadang tani saka tlatah gunung padha mudhun nyangking asil tetanene, arupa janganan lan wohan-wohan di dol ana pasar Wage. Baline saka pasar kaya adate pada golek kopi lan sarapan sega bungkus, utawa mung saderma ngemplok gorengan ing warunge Qodri.

Mbah Wir wis mudhun saka mesjid kang mapan satengene warunge Qodri, rampung shalat Subuh, melu kajian lan nindakake shalat dhuha rong raka’at, kang pahalane padha karo wong kang nindhakake haji lan umrah, banjur mlebu warung lungguh ana dhingklik cedhake Qodri. “Sugeng rawuh mbah Wir, kok ijenan wae sampeyan?” Qodri atur kurmat marang mbah Wir. Mbah Wir mangsuli karo mesem, “Iya Dri, mbok menawa kanca-kanca isih padha repot karo urusane dhewe-dhewe ing omah.”

“Mbah sampeyan kuwi kok santai wae ketoke, apa ora ngrasakne mata uang rupiah lagi jeblog ndadhepi mata uang dolar Amerika?” Qodri nanggapi dhawuhe mbah Wir. “Aku ya weruh Dri, saiki pangajine sak dolar wis ngancik 17.700 rupiah. Senajan aku kuwi umurku wis suwidak punjul, hape iki ya isih bisa ndelok rame-rame peristiwa ana sajroning negara lan uga pawarta saka manca nagara.”

“Wah sampeyan pancen wong tuwa kang patut tinuladha dening para nom-noman, mbah. Tuwa nanging tetep weruh kedadeyan ing saindenging jagad. Dolar mundhak pangajine marang rupiah kaya ngono kuwi dhawuhe pak presiden Prabowo ora ana pengaruhe ing desa, amarga wong ndesa jarene ora butuh dolar. Kasunyatane mbah, senajan awake dhewe urip ana desa, barang-barang regane mundhak kabeh, kayata ongkos angkutan, pupuk, obat pertanian, bahan pangan, daging lan sapanunggalane”, Qodri nyambung rembug.

Mbah Wir mesem banjur mangsuli, “Ukarane pak Presiden pancen ora salah, amarga wong ndesa pancen ora butuh dolar, amarga nduweya dolar, ya ora bisa dinggo marung ana warungmu iki Dri. Ha ha ha. Yen ukarane pak presiden “wong ndesa ora kena pengaruh anjloke nilai tukar rupiah marang dolar”, kuwi ora bener, Dri.

Rega-rega kang mbok arani mundhak kuwi amarga komponen impore gedhe. Mulane kahanan kaya ngene iku aja mung nggundel wae, nanging kudu dibarenge karo ngirit nganggo samubarang kang komponen impore gedhe. Tuladhane roti, amarga bahane saka gandum kang kudu impor, gantinen karo roti sumbu alias kaspe. Bungkus plastik larang tur ndadekake pencemaran lingkungan bahane uga bahane kudu import, bisa diganti nganggo bungkus godhong gedhang. Ngono hlo, Dri.”

Ora let suwe Budi karo Agus bebarengan mlebu warung, lungguh njejeri mbah Wir. “Kopi cak Qodri aku karo Agus,. Budi pesen kopi marang cak Qodri.

“Beres, Bud. Ngko bayarmu nganggo dolar apa rupiah?” Qodri takon marang Budi.

Bathuke Budi mengkeret banjur sumaur, “Iki Ahad Wage, kok tembungmu rada aneh cak? Prejengan kaya aku kok mbok takoni mbayar rupiah utawa dolar ki apa bar ngelu amarga lali ngombe obat, awakmu?”

Qodri unjal ambegan bajur sumaur, “Hlo awakmu kok ora weruh yen dinane iki sak dolar kuwi wis pangajine wis nganti 17.700 rupiah. Iki mau mbah Wir wis merehi katrangan marang aku yen kabeh rega bakale mundhak, mulae aku menehi pilihan mbayarmu dolar apa rupiah. Yen dolar tak simpen nganti regane mbledhos nembus 18 ewu, lagi tak ijolne rupiah, Yen rupiah ya ora apa-apa ndang bisa kanggo blanja janganan lan woh-wohan kang ora pati akeh kena pengaruh mlorote nilai tukar rupiah marang dolar”.

Agus ngguyu lan melu urun rembug, “Tingkah polahmu kuwi wis meh jebles karo konglomerat ae cak Qodri. Kuwi kang diarani pengusaha oportunis, golek kepenake dhewe ora mikir rekasane wong liya, mligine bangsane dhewe iki. Kudune para pengusaha lan konglomerat kuwi, ora padha nyimpen dolar, amarga yen akeh sing nyimpen dolar, regane dolar bakal luwih dhuwur lan rupiah bakal tambah loyo. Mulane ayo padha melu gerakan nyuda impor, mbayar nganggo rupiah, ngedol simpenan dolar lan nyimpen dhuwit rupiah, supaya rupiah enggal bali kuwat maneh.”

Budi banjur melu urun rembug, “Cak Qodri, aku sakjane ya ora kabotan kok mbayar dolar. Nanging ana syarate, cak.”

“Apa syarate, Bud? “Qodri takon marang Budi.

“Syarate aku mbayare nganggo Yen,” Budi sumaur sinambi nyruput kopine tanpa gula.

Qodri kaget lan guneman, “Dhapurmu kaya ngono kuwi bia mbayar nganggo Yen, Bud? Apa awakmu melu kerja ana perusahaan Jepang, dibayar dhuwit Yen?”

“Ngene cak Qodri. Aku iki ora kerja ing perusahaan Jepang, nanging aku pancen nduwe Yen. Yaiku: yen eling, yen nduwe dhuwit, yen longgar, lan sapanunggalane, cak. Ha ha ha.” Budi njentrehne perkara karo ngguyu cekakakan. Kabeh kang ana warung melu ngguyu ukarane Budi.

“Oalah Bud, dhapurmu kuwi panggah wae, samubarang urusane ora adoh saka utang. Mbayar nganggo yen-mu kuwi, tegese ya padha karo utang. Kae cathetan bon-mu tak cantholne neng tembok pawong tambah dina tambah dawa, Bud. Ha ha ha.” Qodri ngguyu kekelen.

“Rembugan dolar kon ya dadine rembugan utang toh, Bud, dhasar awakmu kuwi pancen pawakan utan. Ha ha ha,” Agus urun rembug karo ngguyu.

Kabeh kang ana warunge Qodri pada melu ngguyu pratandha bungah atine. Sang surya wis katon dhuwur, warunge tambah rame, kabeh rukun, ayem lan tentrem. (*)

*) Dodik Priyambada, Penasihat Majelis Pendidikan Dasar Menengah dan Pendidikan Non Formal (Dikdasmen – PNF) PDm Gresik, Penulis buku ‘Damar Oblik’.

 

Editor