Wengi kuwi, rampung Isyak, swasana warunge Qodri rame banget. Gorengan lan godhogan anget-anget, lagi wae dientas saka wajan lan kukusan. Gedhang goreng, tempe goreng, tahu goreng lan menu anyar sukun lan kaspe godhok uga wis sumadya. Kumebul beluke gorengan lan godhogan, ambabar ganda arum gurih ndadekake weteng luwe sanalika, tumrap kang lagi ana warung.
Agus lan Budi lagi wae mlebu warung sawise nindakake shalat Isya ana mesjid kang mapan ing sisih tengene warunge Qodri. Kekarone banjur pesen kopi ireng marang Qodri.
Agus mbukak omongan, “Cak Qodri, sampeyan apa wis weruh berita ana internet, perkara pimpinan BGN utawa Badan Gizi Nasional, dicekel Kejaksaan Agung lan diumumake minangka tersangka kasus korupsi.”
“Wah, kok durung weruh aku, Gus. Piye iki negara kok tambah kisruh kaya ngene iki. Durung rampung puluhan kepala dhaerah dicekel Komisi Pemberantasan Korupsi, hla saiki kok petinggine BGN ya dicekel Kejaksaan Agung uga amarga tindak korupsi” Qodri nanggapi omongane Agus.
Agus wangsulan, “Ya cak Qodri, awake dhewe kabeh melu prihatin bab kahanan iki. BGN kang kudune njaga program Makan Bergizi Gratis supaya lumaku bener lan migunani tumrap bocah-bocah sekolah kok malah ditilep dhewe dening petinggine BGN. Iku paribasane pager mangan tanduran. Tegese, wong kang nduweni kajibahan njaga amrih lumakune MBG apik anut aturan, hla kok malah mbadhog dhuwit anggaran kanggo MBG.”
“Hlo ini kok wis kemriyek kabeh rembugane. Apa padha oleh dum-duman dhuwit dolar. Ha ha ha?” Mbak Wir kang lagi wae teka ana warung, guneman karo ngguyu ngakak.
Budi sumaur, “Iki hlo mbah Wir, padha ngrembug pangarsane BGN kang dicekel dening Kejaksaan Agung amarga dinuga tumindak korupsi. Miturut mbah Wir, sabab apa kok menungsa kuwi gelem nglakoni tindak durjana korupsi, mbah?”
“Ha ha ha. Wong nindakake kadurjanan korupsi kuwi ibarate kaya wong ngombe banyu samudra. Sangsaya diombe ya tambah ngelak. Tumindak kang kaya mangkono sejatine wis nerak paugerane agama kang ngarani kadurjanan korupsi kanthi tembung “ghulul” kang tegese “njupuk kanthi sesidheman”. Kamangka, sapa wae kang nindakake ghulul utawa korupsi, mbesuk tumekane dina kiamat dheweke bakal teka kanthi nggawa barang kang dikorupsi kuwi (Hadits riwayat Muslim). Dadi wong kang korupsi kuwi pancen mung nuruti hawa nepsune, nganti lali kabeh paugeran agamane,” Mbah Wir njlentrehne kanthi terang trawaca.
Cak Qodri ngaturake kopin mbah Wir, karo takon,” Sik to Mbah Wir, aku kok ora mudheng apa bedane persangka, terdakwa, lan terpidana?”
“Tersangka kuwi wong kang dinuga nindakake tindak kadurjanan kang wis ana buktine saora-orane rong barang bukti. Hla yen terdakwa kuwi tersangka kang perkarane wis tekan pengadilan. Sawise ana keputusan pengadilan yen terdakwa salah lan dipatrapi ukuman dening pengadilan, arane dadi terpidana. Ngono Dri, genahe. Banjur para buta terong kang tumindak kadurjanan korupsi ing BGN kuwi, diarani tersangka, amarga mirut Kejaksaan Agung wis wana sakora-orane rong bukti tumindana kadurjanane,” Mbah Wir aweh wangsulan.
Budi ngguyu ngakak, “Hla kok buta berong mbah? Buta terong kuwi ing pagelaran wayang kulit, salah sijining buta utawa raseksa kang irunge gedhe kaya terong. Ha ha ha. Ketoke pancen bener mbah lehmu ngarani para koruptor kuwi aran buta terong, amarga koruptor-koruptor kuwi mangan dhuwit kang mesthine kanggo tuku ube rampe MBG kalebu sayur kalebu terong, digaglak dhewe kanggo menggedhekake wetenge dhewe. Nggrangsang hawa nepsune diubar, nganti wani tumindak angkara kaya watake buta.”
Qodri urun rembug, “Hla iya program kang digadhang-gadhang pemerintah kanggo mangane bocah-bocah kang lagi sekolah, malah dinggo bancakan dening koruptor. Apa kuwi pratandha lumakune program-program prioritas pemerintah ibarate blong-blongan ora nganggo sistem pengawasan kang kuwat. Eman banget dhuwite negawa malah nyasar mblebu wetenge koruptor buta terong kuwi. Indeks kepercayaan masyarakat kang dinane iki jarene 75.1%, mesthi bakal njlungup, yen pemerintah ora enggal nguwati pengawasan lemakune program-program priritase kuwi mau.”
Agus uga nambahi, “Ya muga-muga wae kang saiki dadi tersangka korupsi kuwi mung amarga sinurung dening hawa nepsu teronge dhewe. Yen nganti tumindake kuwi amarga ditugasi dening kelompok tertentu, tumindak kuwi bakal nduweni daya rusak sistem politik lan negara kang gedhe banget. Iki kang perlu dikawal dening wong saindenging negara Indonesia, supaya kelompok kang ngrusak tatanan politik lan negara, kanthi nindakake kadurjanan korupsi kuwi enggal dirapungi nganti oyote-oyote. Aja nganti thukul maneh”
Mbah Wir nambahi rembug, “Bener Gus, para anggota Dewan Perwakilan Rakyat Republik Indonesia aja mung padha enak-enakan, kabeh kudu melu menthelengi lumakune negara iki, aja ngantinegara bubrah ing madyaning marga. Taun 2045 supaya tetep bisa mujudake Indonesia Emas, ora malah dadi Indonesia Cemas. Ha ha ha.”
Budi nambahi omongan karo ngguyu lakak-lakak, “Ha ha ha, iya bener mbah Wir. Senajan aku bolak balik utang karo cak Qodri, nanging aku mesthi nyathet yen utang. Yen pas nduwe dhuwit aku ya mesthi ngangsur hlo. Utang yes, korupsi no pokoke.”
“Dhapurmu kuwi Bud, utang ping lima, durung mesthi nyaur pisan. Ha ha ha. Tapi sakora-orane awakmu pancen jujur, nyathet utangmu. Kuwi luwih apik tinimbang para koruptor buta terong kuwi”. Qodri njangkepi omongan.
Tambah wengi swasana warung ora tambah sepi, nanging saya akeh kang padha mampir warunge Qodri. Warunge Qodri dadi papan kanggo lelipur ati kang lagi goreh ben dadi wening, lan sithik akeh uga dadi pepeling supaya warga masyarakat guyub lan rukun, aja nganti tumindak kadurjanan kaya tindak korupsi lan liya-liyane. Muga tahun 2045 Indonesia kelakon mujudake Indonesia Emas. Aamiin. (*)







