Dening: Dodik Priyambada
Taun 2025, Indonesia produksi sampah plastik nganti 27,8 ton saben taune, minangka salah sijining komponen sampah rumah tangga lan perkotaan paling akeh. Mumbruke sampah plastik ana TPA (tempat pembuangan akhir), nggembol risiko pencemaran lemah, banyu, lan laut.
Sampah plastik paling akeh asale saka plastik kang mung kanggo sepisan (sekali pakai), angel didhaur ulang lan ndadekake krisis laut, yaiku krisis laut kang dumadi saka sampah plastik kang bocor menyang laut uga ngrusak ekosistem laut. Sampah plastik uga ngganggu panguripane nelayan, lan ndadekake kapitunan ekonomi negara kang gedhe banget. Kebocoran plastik kurang luwih 84 ewu ton setaun kuwi, bisa nuwuhake potensi kapitunan negara nganti 225 triliun rupiah.
Ragat ngolah plastik kuwi larang, kosok baline, asil dhaur ulang plastik ora sepiroa gedhe ajine. Sawetara kuwi, sampah gunung plastik bisa nuwuhake microplastic, kang mlebu ing rantai makanan njalari sakehing penyakit.
Warta ngenani sampah plastik pancen wigati banget lan dadi viral ing media sosial. Cak Qodri uga ngrumangsani yen dheweke ya kudu melu cawe-cawe kanggo nyuda produksi sampah plastik saka warung kopine. Saiki dheweke ora gelem nampa setoran jajan utawa sega bungkus kejaba bungkuse saka godhong gedhang utawa godhong jati. Mbuh dicara apa wae, Qodri ora gelem nampa jajan kang dibungkus platik.
Esuk kuwi srengenge wis dhuwur, warung kopine Qodri kang mapan ana wetan mesjid wiwit rame. Kawistara saka kadohan, Qodri masang spandhuk ana warunge kang unine “Sampah Plastik Nol”.
Budi lagi wae arep lungguh, dadi ora sida amarga nyawang spandhuke Qodri, banjur guneman, “Sik sik sik, cak Qodri. Spandhukmu kuwi karepe piye? Aku krungu yen dinane ini plastik regane mundhak. Jalarane amarga perang USA- Israel musuh Iran. Hla kok awakmu malah masang spandhuk ngono kuwi piye jluntrunge, cak?”
Qodri sumaur,” Ngene hlo Bud, … mundhake rega plastik ing saindenging ndonya, kuwi minangka kedadeyan pait asile perang USA – Israel musuh Iran. Plastik mundhak marai sembarang kalir ya mundhak kabeh. Hla, bab kang kaya ngene iki sejatine malah bisa dadi panyurung masyarakat kanggo nyuda prodhuksi sampah plastik. Gunung sampah plastik kuwi sumber keruwetan. Dadi nyuda produksi sampah plastik bisa ngirit blanja tuku plastik lan uga nyuda produksi sampah plastik kanggo lingkungan hidhup kang luwih sehat lan resik”.
Agus kang wis lungguh dhingklik karo mbukak sega bungkus godhong gedhang nambahi omongan,” Bener Cak, bahan pokok uga dadi mundhak amarga akeh kang dibungkus utawa dipacking nganggo plastik, wiwit saka beras nganti lengo goreng. Amarga rega plastik mundhak larang, mulane rega sembako uga melu mundhak.”
Slamet melu omong,” Wah, wektu iki pancen pas banget kanggo ngowahi gaya urip. Plastik bisa diganti nganggo bahan liyane sing luwih ramah lingkungan, kaya godhong pisang, godhong jati lan bahan liyane.”
Mbah Wir kang nembe wae mlebu warung banjur dhawuh,”Hehehe… jaman biyen wong tuku beras nggawa keranjang pring, dibungkus nganggo godhong jati. Ora ana plastik, mulane ora ana masalah plastik. Tak pikir-pikir urip jaman modern kok malah akeh masalah. Akeh wong kang mung nggugu seneng lan karepe dhewe, ora mikiri butuhe wong liya”
Cak Qodri urun rembug, “Mbah Wir, mulane warung kopiku tak nggo panggonan ngelingake masyarakat supaya eling lan waspada, ora kelalen nyuda sampah plastik, utawa yen bisa ndadekake sampah plastik nol.”
Budi, “Sik sik sik, wiwit wingenane aku rada ora mudheng, apa gandheng cenenge perang USA-Israel musuh Iran karo plastik, kok bisa ndadekake rega plastik melu mundhak barang?”
Agus mesem banjur mangsuli pitakone Budi,” Ngene hlo Bud. Yen rega minyak bumi mundhak, amarga bahan bakune plastik kaya nafta, polietilen (PE), lan polipropilen (PP) kang asale saka minyak bumi, biaya produksine dadi mundhak, akibate rega plastik ing pasar ya mundhak.
Budi banjur guneman,” Wah aku dadi ngerti Gus. Ayo kabeh melu nyengkuyung gerakan “Sampah Plastik Nol-e” cak Qodri.”
Qodri mangsuli,” Hla ya kuwi sing tak jaluk Bud, supaya saya akeh wong kang peduli ngurangi sampah plastik. Kanggo mantebake atiku lan atimu melu gerakan sampah plastik nol Bud, kopi karo gorenganmu dina iki tak gratisne, Bud.”
Budi ngguyu ngakak, “Wah alhamdulillah cak Qodri, matur nuwun ya, kok malah aku oleh gratisisasi. Sampah plastik nol, mbayar kopi nol. Ha ha ha.”
Warung kopine Qodri ora mung dadi hiburan, nanging uga dadi papan sinau lan ijol panemu. Kabeh nyawiji nduwe semangat anyar kanggo ngurangi plastik lan njaga lestarine lingkungan. (*)
*) Dodik Priyambada, Penasihat Majelis Dikdasmen PNF PDM Gresik, penulis buku ‘Damar Ublik’.


