Depp Fake – Media Palsu

Cerpen7 Dilihat
banner 468x60

Dening: Dodik Priyambada

Warunge cak Qodri kang mapan ana sisih tengene mesjid, senajan ora sepiroa amba nanging nyamleng kanggo jagongan sinambi ngopi sak jajane, ora lali sega bungkuse pisan.

Agus lagi wae mudhun mesjid rampung sholat Tarweh, njur mampir ing warunge cak Qodri. “Kopi ireng gulane sithik ya, cak”, mangkono gunemane Agus marang Qodri, karo njupuk sega bungkus siji, wetenge luwe, amarga nalika buka mau sore dheweke durung manaan sega, mung kisenan kurma telung iji lan ngombe banyu bening. “Siyap, Gus. Mangga disekecakne ya, anggone lungguh”, cak Qodri grapyak anggone mangsuli.

Dumadakan Budi teka karo nyekeli hapene sing made in Cina, kang lagi wae tuku bekas ana pasar loak. Rada kesusu Budi mbukak hapene. “Iki hlo Gus, mau esuk Pasar Wage kobongan. Wah kojur tenan iki. Nanging kok aku ora krungu mobil PMK liwat ya? Iki deloken videone jan kaya bar dibom ae pasare”, mangkono kemrecek Budi anggone aweh katrangan marang Agus.

Agus nampani kopi pesenane, saka cak Qodri karo mangsuli Budi, “Sik to Bud, aja kesusu angger gupuh ae. Saben nampa kabar awujud video, foto, utawa tulisan, aja langsung percaya trus nggupuhi, apa maneh nggawe gupuhe wong liya. Kuwi klebu nggawe kisruhe liyan, hlo”.

Budi mendelik karo guneman setengah ngotot, “Kowe iki piye to, Gus. Iki lho deloken dhewe ana hapeku, genah iki video Pasar Wage kobong ngono lho”. Ketoke Budi ora salah, pancen video kang ana hape kuwi. tenanan ngemot kabar ngenani Pasar Wage Kobong.

“Aku hlo Bud, budhal tarweh mau liwat pasar Wage, amarga aku mampir dalemen budheku kulon pasar. Ora enek kedadeyan apa-apa, pasare utuh tuh, hehehe”, Agus nggenahne bener orane warta kuwi, karo ngguyu.

Budi karo ngowoh guneman,” Hlo kok isa ngono kuwi piye Gus. Mosok isa nggawe video palsu?”.

Cak Qodri ya melu nggumun weruh kahanan kuwi, banjur melu omong,” Iya hlo Gus, pancen video iki ketoke asli iki. Byuh, piye iki carane nggawe?”.

“Jaman saiki pancen wis sumadya aplikasi kanggo video lan foto sing kaya apa wae, lan asile pancen kaya asli tenan”, Agus aweh katrangan. “Iku kang diarano deepfake, konten digital gambar, video utawa audio palsu kang digawe nganggo algoritma deep learning, kang asile kaya asli”

Budi rada nggumun, trus takon marang Agus, “Deepfake? Maksude mung kaya editan video utawa foto, ta? Ah, paling mung kaya filter TikTok utawa aplikasi nganti rai kuwi kan?”

Agus mangsuli, “Bedane adoh, Bud. Yen filter mung dolanan, deepfake bisa nggawe raine wong kaya omong, utawa nindakake aktivitas sing sakjane ora tau dilakoni. Tuladhane, ana video tokoh publik ngomong perkara kontroversial, sakjane kuwi asil rekayasa AI (artificial inteligence).”

Qodri komentar, “Serem ya. Dadi yen ana video wong ngakoni barang, ora isa langsung dipercaya. Kudu diteliti bener apa mung deepfake?”

Budi takon,”Yen ngono, piye carane mbedakne endi sing asli karo endi sing palsu? Amarga mripat iki gampang kebujuk lho.”

Agus mangsuli, “Ya kuwi tantangane. Saiki akeh peneliti nggawe piranti kanggo ndeteksi deepfake, nanging masyarakat kudu luwih kritis. Aja gampang percaya, kudu dipriksa sumbere, lan yen bisa digoleki uga ana media sing kredibel (media main stream).”

Qodri nambahi, “Tegese jaman saiki luwih mbebayani tinimbang jaman hoaks tulisan ya. Yen biyen mung teks, saiki gambar lan swara bisa dipalsu.”

Budi uga wenehi komentar, “Dadi jagad maya saiki, malah tambah ora bisa dipercaya. Apa mengko kelakon awake dhewe urip ing jaman wong kabeh ragu marang bukti video lan foto?”

Agus, “Bener, Bud. Kuwi sing diarani era sawise post-truth. Yen biyen fakta kalah karo opini, saiki bukti visual uga bisa dipalsu. Tantangane awake dhewe saiki yaiku njaga akal sehat lan literasi digital sing bener.”

Qodri, “Ya wis ayo saiki diterusne ngopine ben ora mikir abot thok. Kopi pait isih isa dinikmati, nanging yen informasi pait amarga palsu, kuwi sing nggawe rusak. Bud, ora ngopi? Sak cangkir wae ya, tak gratisne iki”.

Budi, “Hahaha, setuju. Pait ae cak, ora nganggo gula, ya”

Warunge cak Qodri, tambah rame, tambah gayeng lan paseduluran dadi raket. (*)

*) Dodik Priyambada, penulis buku ‘Damar Ublik’.

 

Editor

Berita Yang lain