Kabeh wong kuwi guru sejatine
Kanggo ndidik anak didik e
tonggo teparo ugo masyarakate
Nanging, ota kabeh ngelaksankke
Dadi guru kuwi ora gampang
Senajan duwe otak cemerlang
Pinter ngendikan ugo gagasan
Nanging ora bisa paring keteladanan
Guru kuwi,
Ora mergo, awak e wagu tur kuru
Guru kuwi,
Ora mergo, yen minggu njur turu
Guru kuwi,
Tumindake, guyup tur rukun
Guru kuwi,
Ngendikane, digugu lan ditiru
Ono seng ngendikan
Dadi guru kuwi gampang
Polisi biso dadi guru
Dokter biso dadi guru
Sopir biso dadi guru
Pedagang biso dadi guru
Nanging ora ngono sejatine
Guru kuwi ora mung ngajar
Nanging guru kuwi
“ Ing ngarso sung tulodo, Ing madyo mangun karso, Tut wuri handayani”
Penulis :
Hilmi Aziz
Gresik, 16 Oktober 1957
Wk. Ketua PDM Gresik, membidangi Lingkungan Hidup dan Penanggulangan Bencana.
No comments yet.